Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kapati amarsudi
Sudanen hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanampi ing siang ratri
Amemangun karyaning tyasing sasama
Versi2:
Memanismu angujiwat
Agawe rujiting galih
Cara apa kang sinedya
Upama mundhuta rukmi
Tartamtu dakturuti
Upama numpak prau
Lumampah tanpa welah
Ing madyaning jalanidhi
Taman nggonjing aginjong ing pagulingan