Pamintaku nimas sida asih
Atut runtut tansah reruntungan
Ing sarina sawenginé
Datan ginggang sarambut
Lamun adoh caket ing ati
Yèn cedhak tansah mulat
Sida asih tuhu
Pindha mimi lan mintuna
Yo nimas bareng anetepi wajib
Sida asih bebrayan
Aku kang setyo satuhu
Wit biyen nganti saiki
Bebasane
Peteng kebakal ono suminar
Andiko pangayomanku
Lahir batin tuwus nyoto
Mung sajake
Andika semune kurang reno
Tondo yekti kaseksene
Rikalane
Nadyan awrat
Mlampah tebih
Kedah nesu
Mugiantuk berkahing widi
Andiko mung tansah nimbang
Panyuwunku sedyo kulo
Tansah anglam lami