Campursari

Menuk – Ayun – Ayun Gobyog

Published

on

Sumber Video

Irama 1

Ayun-ayun gobyok gawe gumun
tekun sarta rukun, akeh kang kayungyun
dadi srana iku datan jemu
Nyawiji ing panemu condhonging kalbu
Tulus rumangsang ayun-ayun
sarwa warwi samar ngayun-ayun
lan kondheng emeng ngayun-ayun
tandhane nalangsa ngayun-ayun

Irama 2
Tansah ngayun-ayun
kayungyun temah anandhang wulangun
marmane nyata mendah baya tansah
besus macak angadi sarira

Angadi busana karana
amung sira pindha mustika
eseme nimas maweh welas asih
murih aja anandhang kaswa sih

Mara age prayogane
tumuli gambuh rasane
kang ana tambuhana
kang ora ana takokena

Mrih condhonge kalbu mrih aja rengu
muga-muga adoh ing panyendhu
bang-bang wetan sumuruping surya
ing wengi bangun tan kendhat mangayun-ayun

Sindhenan andhegan ladrang ayun-ayun Pl.6
a1. Andhegan sekar pangkur nyamatmas
Barondong winuled gula
lemed-lemed puthu myang utri mandhi
ketan kolak kang kadulu
madu sirad legandha
madumangsa pipis tuban jenang grendul
kaluwa netra kancane
opak apem lan serabi

a2. Andhegan sekar asmarandana kagok ketanon
Saguhe wong andaleming
nggepok gandhewa pan ore
durung tau sak jeg-jegke
teka saguh nyayonana
pamanahe Sang Retna
Dhestun tan wruh raganingsun
mundhak memirang kewala

b. Andhegan lelagon konggun
– Ra diblanja ra semelang apa-apa, janjine ja ditinggal lunga.
– nDang critaa apa tandhane wong tresna, setya tuhu marang garwa.

c. Andhegan gawan ladrang ayun-ayun
Ayun-ayun bisa agawe kayungyun
ayun kula ayun, tak puji dimene rukun

Disclaimer! Video, Musik, lirik maupun chords lagu "Menuk – Ayun – Ayun Gobyog" adalah hak cipta dari pengarang, penggubah, artis, group maupun produsen/label musik bersangkutan. Silahkan membeli produk asli (CD/VCD dll) pada alamat yang terdapat pada video diatas.

Advertisement