Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
Memanismu angujiwat
Agawe rujiting galih
Cara apa kang sinedya
Upama mundhuta rukmi
Tartamtu dakturuti
Upama numpak prau
Lumampah tanpa welah
Ing madyaning jalanidhi
Taman nggonjing aginjong ing pagulingan