Campursari
Sunyahni – Caping Gunung
Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi
Ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang
Keturutan sing digadang
Biyen ninggal janji
Ning saiki apa lali
Ning gunung
Tak jadongi sega jagung
Yen mendung
Tak silihi caping gunung
Sukur bisa nyawang
Gunung desa dadi reja
Dene ora ilang
Gone padha lara lapa

Perhatian! Video, Musik, lirik maupun chords lagu diatas adalah hak cipta dari pengarang, penggubah, artis, group maupun produsen/label musik bersangkutan. Silahkan membeli produk asli (CD/VCD dll) pada alamat yang terdapat pada video diatas.